Okeh-okehe dhalang, nuruni bakat saka piyantun sepuhe. Ananging Ki Nartosabdo ora lahir kaluarga dhalang. Lahir kanthi asma Soenarto, ramane yaiku pengrajin sarung keris. Iki kang ndadekake Ki Nartosabdo asring kasebut dhalang kewahyon.
Soenarto cilik mulai mbantu perekonomian kaluarga kanthi bakat senine. Piyambake nate dadi pelukis uga pemain biola ana ing orkes Keroncong Sinar Purnama. Bakat seni iku tamsoyo katon nalikane Soenarto mlebu sekolah ing Lembaga Pendidikan Katolik.
Ing tahun 1945, piyambake kenalan karo pendiri grup Wayang Uwong, Ngesti Pandowo, yaiku Ki Sastrosabdo. Wiwit iku, piyambake terus dadi gurune Soenarto. Kalebu murid kang teladan, bisa nggawe kreasi anyar ing group iky, Soenarto malahan oleh gelar tambahan ‘Sabdo’ ana ing sak mburine asma asli Gelar kui ditampa ing tahun 1948 lan asmane ganti Nartosabdo.
Kanthi lumakune wektu, bakat seni Nartosabdo soyo ngremboko. Sanajan lair lan gedhe ing Jawa Tengah, karier utamane minangka dhalang malah kawiwitan ing Jakarta. Nalika 28 April 1958 pentas pisanan dadi dhalang ing Gedung PTIK Jakarta lan disiarke langsung RRI (Radio Republik Indonesia). Lakon kang diusung yaiku Kresna Duta.
Pengalaman pisanan ndhalang rupane nggawe Nartosabdo gugup, amarga saktenane pakaryane dudu dhalang, ananging pengendhang ing group Ngesti Pandowo. Ewadene ngono, anggone ndalang uga ora asal-asalan, lantaran Nartosabdo sejatine yo pancen seneng karo kesenian wayang kulit. Dhalang kondang kang disenengi, kayata Ki Ngabegi Wignyosoetarno saka Solo, lan Ki Poedjosoemarto asli Klaten.
Kajaba iku, piyambake ugo seneng maca buku-buku tua. Mulane, wektu semono, Kepala Studio RRI, Sukiman banjur menehi kesempatan Nartosabdo ndhalang ing pertunjukan PTIK iku.
Sawise pentas pisanan iku, Nartosabdo terus entuk kesempatan ndalang wayang kulit ing pirang-pirang papan, mulai saka Solo, Jogja Surabaya lan sak piturute. Ora mung mentasake cerita kang wes ana, piyambake uga nglairake cerita-cerita gubahan kang luwih ‘seger’, kayata Dasa Griwa, Mustakaweni, Ismaya Maneges, Gatutkaca Sungging, Gatutkaca Wisuda, Arjuna Cinoba, Kresna Apus, dan Begawan Sendang Garba.
Anggone pentas, Ki Nartosabdo asring ngusung lakon carangan, mulo akeh dikritik. Piyambake dianggep nyimpang saka umume pakem wayang, amergo wani ngusung banyolan utawa guyonan minangka selingan ing adegan Keraton kang umume kaku. Nanging dudu Nartosabdo yen perkara kui ndadekake nglokro! Kanthi udan kritik malahan, piyambake nuwuhake niat lan tekad kang luwih kuat nekuni jagad pedalangan lan pewayangan.
RRI ing salah sawijine kutho malahan mboikot hasil karyane. Ing pacoban mangkono, Ki Nartosabdo malahan disokong para dhalang mudha kang kepengen pembaharuan supaya wayang ora kaku.
Usahane ora sio-sio, ing tahun 1980-an asmane melejit kanthi asma Ki Nartosabdo. Ana papan ngendi wae, khusus e ing Jawa asma kui misuwur—kayata jeneng selebritis ibu kota kang dikenal nganti pelosok-pelosok desa ing wanci saiki. Piyambake kasil nggedhekake jagad pedalangan kanthi pembaharuan.
Ora cukup dadi dhalang wayang kulit, Ki Nartosabdo ugo misuwur minangka pengripto gendhing-gending Jawa. Luwih saka 300 tetembangan Jawa kang wes digawe nganti piyambake ninggal ing 7 Oktober 1985. Tetembangan kuwi malahan nganti saiki isih lestari lan disenengi para prosutresna karawitan.
Para sinden lan niyaga ora asing maneh karo gendhing-gendhinge. Lelagon kang asring ditabuh ing pamentasan-pamentasan Karawitan nganti saiki kayata, Caping Gunung, Gambang Suling, Ibu Pertiwi, Klinci Ucul, Prahu Layar, Ngundhuh Layangan, Aja Diplèroki, lan Rujak Jeruk.