Dene garwane asmane Ki Tjondrolukito. Kayata umume ing Tanah Jawa, Manawa piyantun estri ‘nunut’ asmane kang jaler, mula ora nggumunake Manawa Nyi Turah uga sateruse dikenal kanthi sebutan Nyi Tjondrolukiyo. Piyambake nggadhahi suara ingkang khas lan nduweni wangsalan kang khas uga. Cakepan-cakepan tetembangane uga nduweni makna utawa arti kang jero, arupo nasehat kanggo ngormati para ibu lan bapak (piyantun sepuh), ngangsu kawruh, lan bakti karo nusa lan bangsa sarta tresna karo sapadha-padha.
Kanthi kekhasan-kekhasan iku mau, mulo ora nggumunake manawa Nyi Tjondrolukito misuwur dadi pesinden kang agung. Asmane malahan wes ora asing wiwit zaman pemerintahan Hindia Belanda utawa Walanda.
Sanajan Nyi Tjondrolukito sekolah formale mung SR (Sekolah Rakyat) - setara SD ing jaman saiki, ananging piyambake nggadhai ilmu kang dhuwur babagan sinden lan budaya Jawa. Kacaritakake, manawa Ki Tjondrolukito minongko garwane kang ugo dadi abdi dalem ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat nduwe sumbangsih anggone ‘minterake’ Nyi Tjondrolukito. Piyambake ugo kang ngajari Nyi Tjondrolukito nganti bisa maca lan nulis sarta babagan irama-irama (nada-nada). Karuan wae, Nyi Tjondrolukito sabanjure dadi pesinden kang mumpuni. Ora mung nembang lelagon utawa gendhing kang wes ana, ananging uga nggawe gendhing-gendhing anyar.
Nganti kapundhut dening Gusti ing 1997, sak sithik-sithike ana 200 tembang kang wes digawe lan didokumentasikake luwih saka 100 album rekaman kaset. Tembang gaweane kang misuwur, yaiku Uler Kambang lan Kutut Manggung. Kajaba iku, piyambake nggadhai kabisan ngubah cakepan tembang, kayata Dhandanggula.
Sajroning gesange Nyi Tjondrolukito pancen mikul dhuwur kesenian. Ora cukup nyinden lan nggawe tembang, saperlu nguri-nguri budaya Jawa, piyambake uga ngedekake Sekolah Tari Ngesti Budaya. Malahan, piyambake uga dadi salah sawijine abdi Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan tenaga honorer ing RRI (Radio Republik Indonesia) Jakarta.
Prima, mantu Nyi Tjondrolukito nate mratelakake manawa ibu marasepuhe iku pahlawan seni budaya. Saka piyambake dingerteni ana salah sawijine cerita babagan pentas ing Istana Negara lan iki gegayutan karo usaha Nyi Tjondrolukito anggone njunjung dhuwur pakurmatan sinden khususe lan karawitan umume.
Ana ing wanci semono, Presiden Indonesia pertama Soekarno nate dhawuh kanggo ngisi acara tamu saka luar negeri. Ananging Nyi Tjondrolukito nolak dhawuhe bapak Proklamator iku, saengga gawe duka. Ora suwe, dukane Bung Karno lerem lan mbenerake alesan si pesinden. Dene alesan Nyi Tjondrolukito nolak dhawuh presiden yaiku miturut pakem karawitan kang murni, pesiden utawa pemain karawitan (niyaga) kudu lungguh ana ing papan kang luwih dhuwur tinimbang para pamirsane, dudu lungguh kursi utawa ngadeg.
Kanggo pangeleng-eling uga ngurmati kiprah lan perjuangane anggone majokake lan nglestarekake jagad karawitan lan pesinden pagelaran wayang kulit, Pemerintah Kabupaten Sleman banjur njenengake salah sawijine dalan ing wilayahe kanthi asma Nyi Tjondrolukito. Ruas dalan Nyi Tjondrolukito diwiwiti saka Petinggen - batas Kota Jogja nganti prapatan Monumen Jogja Kembali. Sadurunge, dalan iku kasebut Dalan Monumen Jogja Kembali.