Sebab kalau harta adalah ukuran kekayaan, orang akan muncul sikap perasaan serba kurang, serakah untuk mencapai ukuran kaya akan harta yang telah ditentukan. Maka dari itu, kaya bukan berarti harus berharta banyak. Siapakah Sujiwo Tejo, hingga bisa memaknai kalimat "Sugih Tanpo Bondo" begitu dalam? Simak cerita bahasa jawa tentang beliau dan kiprahnya di dunia seni....
Seniman siji iki kalebu seniman kang sarwa bisa. Kajaba iso nulis, nglukis, nguasani musik, artis iki uga bisa dadi dhalang wayang kulit. Ora liya seniman kasebut, yaiku Sujiwa Teja. Piyambake bisa uga kasebut budayawan Indonesia. Pria kelairan Jembar, 31 Agustus 1962 iku, sedurunge dikenal minangka budayawan wes nate dadi wartawan ing media Kompas sajroning 8 tahun.
Ananging, piyambake banjur luwih nekuni seni. Sujiwo Tejo bisa kalebu uga salah sawijine seniman kang ora kalah kondang karo artis. Kasebut mangkono amarga asmane ora asing maneh kanggo lare nom, kaya dene artis Ibu Kota kang asmane dikenal dening akeh kalangan, wiwit ndeso nganti kutha, wiwit wong alit nganti penggedhe.
Karuan wae pancen, marga piyambake kajaba nekuni pirang-pirang bidang kesenian kasebut ing ndhuwur, uga dadi sutradara film uga main ing film antarane Janji Joni lan Detik Terakhir. Jagad teater uga ora lali diayahi karo Sujiwo Tejo. Iki dibukteake kanthi penampilane ing drama teatrikal "Kabaret Jo" kang dhuwe arti ‘Ketawa Barang Tejo’.
Khususe ing jagad pewayangan, Sujiwo Tejo pancen wes wiwit cilik nyenengi kesenian kui. Piyambake uga mulai nggawe dhewe cerita utawa lakon-lakon pewayangan. Lakon pisanan kang digawe minangka lekasan dadi dhalang yaiku Semar Mesem ing tahun 1994. Banur piyambake uga ngrampungake 13 episode wayang kulit Ramayana ing Televisi Pendidikan Indonesia ing tahun 1996, diterusake wayang acappella kanthi irah-irahan Shinta Obong lan lakon Bisma Gugur.
Dene manawa dadi dhalang wayang kulit, Sujiwo Tejo kalebu dhalang kang unik. Ora kaya okeh-okehe dhalang kang manut karo pakem lakon ing pedalangan, Sujiwo Tejo asring ‘nglanggar pakem’. Umpamane, umume Rahwana ing pewayangan mujudake tokoh kang ala tumindhake, nanging piyambake nggawe tokoh iku dadi apik. Semono uga Pandhawa kang misuwur dadi tokoh apik lan wasis, digawe ora mesthi bener lan sak panunggalane. Ing pagelarane, piyambake dikenal ngindari pola ireng lan putih.
Kajaba ndalang, Sujiwo Tejo uga aktif nggelar pertunjukan teater, kalebu teater Laki-laki kang kolaborasi karo koreografer Rusdy Rukmarata ing Gedung Kesenian Jakarta lan Teater Utan Kayu ing tahun 1999. Dene ing jagad musik, prestasine uga ora keno disepelekake. Ing tahun 1998, piyambake mulai dikenal masyarakat minangka penyanyi awit saka lagu-lagune ing album Pada Suatu Ketika.
Video Klip ‘Pada Suatu Ketika’ malahan nggayuh penghargaan video klip paling apik ing Grand Final Video Musik Indonesia 1999. Video klip liyane uga dadi nominator video klip paling apik ing acara sejenis ing tahun 2000. Album liyane kang nate digawe Sujiwo Tejo yaiku Dunia Maya ing tahun 2005 lan Yaiyo ing tahun 2007.
Okehe bidang kesenian kang disenengi uga ditekuni, jebul ora ndadekake Sujiwo Tejo dadi artis kang setengah-setengah. Kosok baline, piyambake kalebu terus ngupaya supaya pakaryane apik lan migunani.
Mula kawruh seni ora dinggo dhewe nanging uga diajarake. Piyambake kecatet nate dadi nggulawenthah teater ing komunitas Eksotika Karmawibhangga Indonesia (EKI) tahun 1997. Setahun sawise, piyambake uga ngisi workshop tetaer ing pirang-pirang daerah ing Indonesia. Banjur ing 1999, piyambake mbidani laire Jaringan Dhalang, kang tujuane menei hawa anyar kanggo nuwuhake nilai-nilai wayang ana ing masyarakat zaman saiki. Ora cukup ana ing Indonesia anggone ndalang, piyambake uga nate ndalang keliling ing Yunani.