Loading...

Pakem Sadjarahe Mas Behi Kartodikromo

PRASABENE KANG NOELIS PAKEM

Moego podo di galih, jen sadjarah kang ta-himpoen ing pakem iki akeh banget paedahe marang para ahli kabeh kaja ta:

Kang sapisan: pada weroeh anane toeroene lan leloehoere soewargi Ejang Mas Behi Kartodikromo sarimbit, sarta lijane koelawarga kang ora toeroen saka Ejang iaikoe leloeri lan batihe Man Sowidjoio (zie bijlage H.) lan Man Wirio cs. (zie bijlage G.)

Kapindone: saben kadang tansah kawroehan gegajoetane sarta pengga-wejane.

Kaping teloene: bisa andjalari noekoelake welas asihing sadoeloeran, lan bisa oega dadi djalaran petoeking kadang, kang wis adih, babasan: "anepoekake baloeng kapisah".

Dene bisakoe weroeh anane ahli-ahli kang katoelis ing pakem iki iaikoe saka katrangane para ahli kang kaseboet No. 25, 30, 32,  34, 63, 80, 81, 85, 86, 89, (Mas Hadi), 101, 113, 126, 132, 139 lan 255 sarto lijane kang pada ngirimi katrangan, lan ametik apa kang wis di pengeti ing pakeme soewargi Ejang Kartodikromo dewe, sarta manoet tjatetankoe saka katrangane soewargi rama Mas Soetoredjo (No. 10) nalika isih soegenge (22 Juli 1916).

Pangestikoe pakem iki soepaia dadi poesaka kang peni lan dadi sesoeloeh kawroeh marang para koelawarga. Soepaia di adji-adji klawan boedi kang oetami lan tansah elinga marang Ejang soewargi. Manawa saiki sawise pakem iki di tjap, oetawa ing tembene kaweroehan ana kang ora bener, oetawa ana ahli kang kliwatan ora kaleboe ing pakem, soepaia di benerna apa mestine.

Wekaskoe anggone pada benerna soepaia klawan tjiptaning boedi kang tadjem, ajem, tentrem, temen, lila lan oetama sarta tansah angengetana djarwaning tjandra sangkala ing ngisor iki. Sadjarah-sadjarah kang di toelis ing bijlage A, B, C, D, E, F, among ta-pengeti kang gegajoetan marang ahline soewargi Ejang Kartodikromo bahe, moelane lija-lijane ora meloe di toelisi.

Moelane pakem iki di toelis aksara latijn, krono saiki akeh para moeda kang ora bisa matja aksara Djawa. kang noelisi sadoeroenge pakem iki ditjapake, iaikoe Soegati (No.264). Anggonkoe wiwit anata pakem iki lan katemoekoe marang para ahli maoe, ing sadjerone woelan Soero 1862 (Juni 1931) moelane temboeng "saiki" kang katoelis ing pakem anerangna wektoe ing sadjerone woelan Juni Juli 1931

Sang kalaning warso tinengeran: "Katon rinengga salira toenggal leloehoer". Saben ahli perloe anjimpen pakem iki Pratelan kang pada oeroen di tjatet ing bijlage L.

Djetis (Kendal) 31 Juli 1931

R. Ng. Tjokrohadiwikromo.
g. z. s.

Gepd. Ondercollecteur Kendal.

 

Jadwal Pertunjukan Minggu Ini

Tokoh Seniman Jawa

Asep Sunandar Sunarya: Lair Tanpa Asma, ‘Tindak’ Kanthi Asma Gedhe

Ngomong babagan wayang golek ora bisa dipisahkan saka Asep Sunandar Sunarya. Kanthi asma gedhe kang diduweni, sapa sing nyana manawa maestro pagelaran wayang golek kang lair ing Bandung, 3 September 1955 iku, sejatine ora diwenehi asma wiwit lair. Banjur kepiye crita sing ana ing sangarepe asmane, minangka Asep Sunandar Sunarya? Ing ngisor iki cerita salengkape.

Catatan Silsilah Keluarga

Pakem Sadjarahe Mas Behi Kartodikromo

Wedana District Mantoep, Kaboepaten Djoewana, Residentie Japara

Cari Silsilah Keluarga?

This Is Our Ancestors

Bagong, An Innocent Puppet Character

Every character in Punakawan puppet show has their own different meanings of philosophy. One of them is Bagong. Ki Lurah Bagong is one of the fiction members of Punakawan and he is also the youngest among all according to the story. Bagong is basically the adopted child of Semar. Bagong is known as the innocent character and in Banyumas, Bagong is known as Bawor. His characteristics is an entertainer to the viewers. The physical look is so funny and unique. Selengkapnya...