Tulisan dibawah ini adalah catatan dalam Bahasa jawa, mengenai silsilah keluarga MAS Behi Kartodikromo. Pada tahun 1833 sampai dengan 1873, beliau memegang jabatan sebagai Wedana di districk Mantoep, kabupaten Juwana, Karesidenan Jepara. Districk adalah satu istilah jaman Hindia Belanda, untuk menyebut pembagian tugas administratif di satu wilayah yang dikelola pemerintah setempat (kabupaten). Districk disebut juga sebagai kewedanaan (kawedanan), oleh sebab itu, pemimpinnya disebut sebagai Wedana, biasa desebut juga sebagai pembantu Bupati.
Pakem ini disusun oleh R. Ng. Tjokrohadiwikromo dengan tujuan agar keturunannya dapat mengetahui leluhur dan keterkaitan dengan MAS Behi Kartodikromo. Serta menemukan kembali keluarga yang ‘hilang’, Selain itu juga untuk menyebarluaskan welas asih diantara keluarga. Harapannya, pakem ini bisa menjadi pusaka dan cahaya kehidupan, agar selalu berbudi luhur dan ingat kepada keluarga MAS Behi Kartodikromo.
Jika ada yang salah atau ada nama dan data yg belum dimasukkan pada catatan silsilah keluarga ini, tolong diperbaiki sebagaimana mestinya.
PRASABENE KANG NOELIS PAKEM
Moego podo di galih, jen sadjarah kang ta-himpoen ing pakem iki akeh banget paedahe marang para ahli kabeh kaja ta:
Kang sapisan: pada weroeh anane toeroene lan leloehoere soewargi Ejang Mas Behi Kartodikromo sarimbit, sarta lijane koelawarga kang ora toeroen saka Ejang iaikoe leloeri lan batihe Man Sowidjoio (zie bijlage H.) lan Man Wirio cs. (zie bijlage G.)
Kapindone: saben kadang tansah kawroehan gegajoetane sarta pengga-wejane.
Kaping teloene: bisa andjalari noekoelake welas asihing sadoeloeran, lan bisa oega dadi djalaran petoeking kadang, kang wis adih, babasan: "anepoekake baloeng kapisah".
Dene bisakoe weroeh anane ahli-ahli kang katoelis ing pakem iki iaikoe saka katrangane para ahli kang kaseboet No. 25, 30, 32, 34, 63, 80, 81, 85, 86, 89, (Mas Hadi), 101, 113, 126, 132, 139 lan 255 sarto lijane kang pada ngirimi katrangan, lan ametik apa kang wis di pengeti ing pakeme soewargi Ejang Kartodikromo dewe, sarta manoet tjatetankoe saka katrangane soewargi rama Mas Soetoredjo (No. 10) nalika isih soegenge (22 Juli 1916).
Pangestikoe pakem iki soepaia dadi poesaka kang peni lan dadi sesoeloeh kawroeh marang para koelawarga. Soepaia di adji-adji klawan boedi kang oetami lan tansah elinga marang Ejang soewargi. Manawa saiki sawise pakem iki di tjap, oetawa ing tembene kaweroehan ana kang ora bener, oetawa ana ahli kang kliwatan ora kaleboe ing pakem, soepaia di benerna apa mestine.
Wekaskoe anggone pada benerna soepaia klawan tjiptaning boedi kang tadjem, ajem, tentrem, temen, lila lan oetama sarta tansah angengetana djarwaning tjandra sangkala ing ngisor iki. Sadjarah-sadjarah kang di toelis ing bijlage A, B, C, D, E, F, among ta-pengeti kang gegajoetan marang ahline soewargi Ejang Kartodikromo bahe, moelane lija-lijane ora meloe di toelisi.
Moelane pakem iki di toelis aksara latijn, krono saiki akeh para moeda kang ora bisa matja aksara Djawa. kang noelisi sadoeroenge pakem iki ditjapake, iaikoe Soegati (No.264). Anggonkoe wiwit anata pakem iki lan katemoekoe marang para ahli maoe, ing sadjerone woelan Soero 1862 (Juni 1931) moelane temboeng "saiki" kang katoelis ing pakem anerangna wektoe ing sadjerone woelan Juni Juli 1931
Sang kalaning warso tinengeran: "Katon rinengga salira toenggal leloehoer". Saben ahli perloe anjimpen pakem iki Pratelan kang pada oeroen di tjatet ing bijlage L.
Djetis (Kendal) 31 Juli 1931
R. Ng. Tjokrohadiwikromo.
g. z. s.
Gepd. Ondercollecteur Kendal.
Lanjut ke: Riwayat Dan Keturunan Mas Behi Kartodikromo (1730 - 1810)