Silsilah Keluarga Nomor 48, RADEN NGABEHI TJOKROHADIWIKROMO

Iaikoe, Wajahe Eyang Mas Behi Kartodikromo, poetrane Mas Behi Sastroredjo.

Pepoetra:

(No.150).

Raden Soerarjo, Assistent Boekhouder Landschapskassen Bandjarmasin (Borneo), lahir ing Dosoman (Pati) Senen wage 15 Soero tahoen Wawoe 1825 (8 Juli 1895), daoep oleh Antoeng Sampoerna (lahir 30 April 1909) („antoeng" ikoe padane ing tanah Djawa „Raden Rara"), anake Goesti Tachmid ing Martapoero (Borneo).

Goesti Tachmid anake Pangeran ing Martapoero, daoepe dina malem Senen 5/6 Juli 1925. Dene kang djodokake iaikoe Habib Mohamad Al Habsie, Kapitein Arab ing Bandjarmasin, sadoeloere toewa Habib Hassan Al Habsie. Nalika teko ing Semarang, ing taoen 1924 akoe pasrah marang Habib Mohamad maoe, soepaia Soerarjo di golekno djodo kang pantes; Habib Mohamad sanggoep dawoehe. "Baik, saia kenal ada toeroennja Pangeran di Mertapoera, nanti saia mintanja, orang toeanja kenal baik sama saia"
Anake Soerarjo di toelis ing No. 374 t/m 377.

(No.151).

Raden Satrio, lahir ing Dosoman (Pati) Djemoeah pon 15 Djoemadilawal tahoen Dhal 1831 (30 Augustus 1901).

(No.152).

Raden Adjeng Soegati, lahir ing kampoeng Dosoman (Pati) Ngahat paing 30 Moeloed tahoen Alip 1835 (4 Juni 1905).

(No.153).

Raden Sigit, Monteur a/b Hr. Ms. „Kruiser Java" lahir ing kampoeng Getakan (Pati) Ngahat kliwon 28 Besar tahoen Djimawal 1837 (2 Februari 1908).

(No.154).

Raden Abdurrahman, lahir ing kampoeng Patoekangan (Kendal) Setoe legi 13/14 Djoemadilawal taoen Wawoe 1841 (12/13 Mei 1911) Maart 1929 t/m September 1930 njamboet gawe ing Balepapan (Z, en O, afd, Borneo) dadi Klerk kantor B.P.M. bandjoer moelih, djarene ora krasan.

(No.155).

Raden Rara Roegaijah, lahir ing kampoeng Tempoeran, Pegoelon (Kendal) Slasa pon 14 Poeasa tahoen Djimakir 1842 (27 Augustus 1912).

(No.156).

Raden Rara Maemoenah, lahir ing kampoeng Tempoeran, Pegoelon (Kendal) malem Rebo wage 10/11 Sawal tahoen Ehe 1844 (1/2 September 1914), sekolah H.I. S. ing Kendal wis oleh certificaat tamat bladjar, bandjoer neroesake sekolah Huishoudschool ing Semarang, woelan Juni 1931 metoe tamat bladjar.

(No.157).

Raden Rara Moersidah, lahir ing kampoeng Tempoeran. Pegoelan (Kendal), Kemis kliwon 7 Djoemadilakir, tahoen Be 1848 (21 Maart 1918).

(No.158).

Raden Achmad, lahir ing kampoeng Tempoeran, Pegoelon (Kendal) Kemis kliwon 29 Djoemadilawal tahoen Djimakir 1S50 (19 Februari 1920).

(No.159).

Raden Mohamad, lahir ing kampoeng Tempoeran, Pegoelon (Kendal) Ngahat pon 28 Djoemadilakir taoen Ehe 1852 (26 Februari 1922).

(No.160)

Raden Rara Mariam, lahir ing kampoeng Tempoeran, Pegoelon (Kendal) malem Rebo lagi 16/17 Djoemadilawal tahoen Dje 1854 (25/26 December 1923). (Nalika 26 Februari 1931 dipek anak Raden Ajoe Soerodhimoeljo No. 50/73.

(No.161).

Raden Rara Aminah. lahir ing desa Djetis (Kendal) Rebo pon 19 Besar tahoen Be 1856 (30 Juni 1926).

(No.162).

Raden Haroen (I) lahir ing desa Djetis (Kendal) malem Slasa wage 10/14 Apit tahoen Djimakir 1858 (30 April 1928) tinggal donja malem Senen paing 28/29 Besar tahocn Djimakir 1858 (17/19 Juni 1928) kira2, oemoer 1,5 woelan di koeboer ing Soekoep meloe desa Dodogan district Kendal. Lahire lan tanggale wis kaleboe ing register Inlandsche Bergerlijkstand ing Kendal.

(No.163).

Raden Wibowo, lahir ing desa Djetis (Kendal) malem Rebo wage 17 Apit tahoen Ehe 1869 (16 April 1930) mleboe register Burgerlijkstand

(No.164).

Raden Haroen (II), lahir ing desa Tjandiredjo district Oengaren, Setoe legi 23 Sawal, taoen Djimawal 1861 (H Maart 1931) kira2 djam 5 esoek. Tanggal 19 Maart 1931 lahire maoe mleboe register Burgerlijkstand ing kawedanan Oengaran kang nekseni Mas Soeparmin (No. 235 b). Patoetan saka Marlijah, No. 150/154 patoetan saka padmi, sadjarahc iboene di toelisi ing bijlage D. E. 1. J. No. 155/163 patoetan saka Kongah.

Dilihat 1763 kali Terakhir diedit pada Rabu, 11 Desember 2019 12:00