Loading...

Bagong Kussudiardja, Legenda Seniman Tari lan Lukis Putrane Pelukis Wayang Kulit

Salah sawijine seniman tari kang kondang ing ngayogyakarta, yaiku Bagong Kussudiardja. Ing jagad tari, piyambake misuwur minangka pelopor seni tari modern ing Indonesia. Kajaba kuwi piyambake uga dikenal minangka pelukis. Kepiye ceritane kesenian kang seje bisa ditekuni bebarengan, artikel ing ngisor iki bakal  nyeritakake.

Bagong Kussudiardja lair Selasa Kliwon, 9 Oktober 1928 ing Nyayogkarta. Piyambake putra soko Raden Bekel Atma Tjondro Sentono  lan Siti Aminah. Sejatine Bagong nduweni garis keturunan ningrat. Senajan duwe getih biru, nanging nyatane gesange keluarga iki adoh soko ‘nikmat’.

Ramane ora liyo putrane G.P.H Djuminah, kang mas soko Sri Sultan Hamengkubuwono VIII. Iku amarga ukuman Kuranthil kang ditibakake kanggo G.P.H Djuminah soko Hamengku Buwono VII. Sebab soko ukuma iki, yaiku G.P.H Djuminah mbelot.  Lataran ukuma iki, putrane nganti melu keno ‘pulute’. Ora ana perlakuan istimewa kaya dene putu-putu keluarga keraton.

Raden Bekel Atma Tjondro Sentono gesang kanthi kurang mampu ekonomine. Piyambake seniman, khususe pelukis wayang kulit lan penulis aksara Jawa. Kemampuan seni iki kang bajur tumurun ing Bagong Kussudiardja. Naging, lika-likune dari seniman gedhe uga ora singkat. Ekonomi ramane kang kurang mampu, nggawe Bagong enom nglakoni sembarang pagawean, kalebu tambal ban lan dadi kusir andong.

Mariwi getih seni soko ramane, Bagong banjur mantebake jiwa senine kanthi nyinau seni tari jawa klasik. Sekolah Tari Kredo Bekso Wiromo kang dipimpin dening Pangeran Tedjokusumo, kang dadi sekolah tari pisanan. Piyambake bisa mlebu ing sekolah iki ora liya amarga statuse minangka isih keluarga ningrat. Nalika melu ing sekolah tari kasebut, Bagong manggon ana ing Dalem Tejokusuman.

Ing tahun-tahun ngarepe, Bagong uga gabung karo pelukis Djajengasmoro ing tahun 1945. Banjur ing tahun 1946,  piyambake mulai sinau nglukis ing Sanggar Pelukis Rakyat lan langsung meguru marang pemimpin sanggar, yaiku Hendra Gunawan. Kajaba kuwi, piyambake uga ngangsu kawruh bab nglukis soko pelukis Sudiarjo.

Tahun 1950an bisa kasebut ‘wancine’ asma Bagong munggah. Ing tahun 1953, piyambake lan Kuswadji nggawe Tari Kuda-Kuda. Banjur ing 1954 diutus dening Presiden Soekarno kanggo melu Misi Kesenian Indonesia ing Republik Rakyat Tiongkok (RRT).  Nah, tari Kuda-kuda kang sedurunge digawe kuwi dipentasake ing misi kesenian iku. Kabejan terus nyelimuti Bagong, sawise soko misi kesenian ing Negeri Tirai Bambu iku, banjur dikirim pemerintah ing pirang-pirang negara, antarane Korea, Vietnam, India, Thailand, Filipina, Singapura, Hungaria, Cekoslovakia, Austria, Italia, Perancis, Swiss, Jerman, Belanda, Swedia, lan Inggris.

Dene minangka pelukis, Bagong nate ngangsu kawruh ing Akademi Seni Rupa Indonesia (ASRI).  Kajaba kuwi, piyambake malahan dikirim sekolah nang Amerika Serikat ing tahun 1957-1958. Ing Negeri Paman Sam, piyambake sinau ing Connecticut College School of The Dance lan Studio Martha Graham.

Kondur soko Amerika Serikat piyambake banjur nggawe Pusat Latihan Tari (PLT) Bagong Kussudiardja ing 5 Maret 1958. Piyambake uga aktif ing seni rupa ing tahun-tahun kasebut. Kiprahe minangka pelukis mulai kesorot media ing pertengahan 1960. Nalika kuwi, Star Weekly ngewartakake Bagong, persise tanggal 23 Juli 1960. Media iku dadi arsip pisanan kang nulis karir Bagong minangka pelukis.

Nanging carut marut politik ing 1960an nggawe Bagong gawe keputusan metu soko Sanggar Pelukis Rakyat, amarga dianggep wes cedak karo Lembaga Kebudayaan Rakyat (LEKRA). Banjur piyambake ngedekake Sanggar Pelukis Indonesia (PI) bebarengan karo Kusnadi lan Sumitro sing netral lan ora kecatut urusan politik.

Amarga cedake Kusnadi karo pemerintahan, mulo sanggar iki bisa oleh pesenan karya seni soko pemerintah utowo acara internasional liyane. Amarga sanggar iki uga, Bagong bisa dadi wakil ing pirang-pirang misi kesenian, antarane ing Bukarest ing Rumania, Italia, lan Sri Lanka. Ing tahun 1962, Bagong uga nggawe pameran tunggal lan hasile disumbangake kanggo Operasi Pembebasan Irian Barat.

  • Pandanaran, Head of Government and Propagator of Islam in Semarang

    Ki Ageng Pandanaran or known as Pangeran Mangkubumi was given the title as Sunan Bayat or Sunan Tembayat. He was the second head of government in Semarang, central Java, Indonesia. Beside being the head of government or leader in Semarang, he was known as the important figure that spread Islam in Semarang. In 16th century, Pangeran Mangkubumi led Semarang and he was the son of the first leader in Semarang named Harya Madya Pandan.
  • Ki Nartosabdo, Legenda Dhalang Wayang Kulit Indonesia Kang Ora Bisa Diganti!

    Klaten kalebu salah sawijine kabupaten ing Jawa Tengah kang nduweni keunggulan ‘nyithak’ dhalang-dhalang wayang kulit kondang. Legenda dhalang Indonesia kang bisa kasebut ora bisa diganti dening sapa wae tekan saiki uga lahir ing Klaten. Manawa panjengengan prosutresno wayang, mestine ora asing maneh. Yo, dhalang kasebut ora liyo yaiku Ki Nartosabdo. Pria kang ing tembe gedhene kondang dadi dhalang iku, lair ing Klaten, 25 Agustus 1925

gembala sapi

Sapi dan Kerbau di Jawa dianggap oleh sebagian besar masyarakat sebagai salah satu bentuk “rojo koyo”. Apa itu rojo koyo?

Baca selengkapnya....