Loading...

Basiyo, Maestro Dagelan Mataram

Dagelan utawa lawak kalebu salah sawijine kesenian kang wes tuwuh suwe ing tlatah Jawa. Dagelan Mataram kalebu salah sawijine grup utawa paguyuban dagelan gagrak lawas kang legendaris. Nganti saiki, jeneng Dagelan Mataram nganti saiki ora surut, senajan tokoh e wes podho ‘dipundhut’. Nyeritakake babagan tokoh Dagelan Mataram, mulo ora bisa nglalekake Basiyo, minongko pioner utawa oyot e dagelan Jawa lan umume seni lawak ing Indonesia.

Awit soko kaprigele anggone ndagel, ora salah manawa Basiyo diarani maestro Dagelan Mataram. Minongko pelawak utawa pendagel, Basiyo ora mung waton. Piyambake nduweni ciri khas, yaiku ngangkat budaya Jawa Mataraman. Anggone ndagel Basiyo nduweni gaya monolog, persis koyo stand up comedy kang pirang-pirang tahun iki tenar ing kalangan enom.

Ananging, cerita kang diangkat utawa dadi lakon ndagel Basiyo iku didasarake realitas sosial lan pengamatan sosial. Basiyo uga nduweni ‘koco benggolo’ kang seje anggone mirsani kahananiku mau. Mulo, piayambake bisa nguculake lawakan kang khas nanging mentes.

Awit kaprigelane iku, dagelan ‘munggah pangkat’, sejajar karo kesenian Wayang Kulit, Wayang Uwong, Ketoprak lan sak panunggalane. Mbiyen dagelan dianggap kesenian Jawa kang asor utawa remeh. Nanging, carane Basiyo anggone nggodhok realitas masyarakat dadi bahan lawak kanthi analisis kang landep, nuwuhake dagelan kang ‘ora murahan’.

Saking pinter e Baiyo anggone ngolah bahan dagelan, masyarakat nganti nduweni karapan khas anggone ndagel, yoiku ‘mbasiyo’. Karapan iki ateges humor e Baiyo iku nduweni kapribaden sarta bisa nonton soko kenyataan.

Amarga substansi utawa isine dagelan kang ora ‘asor’ kuwi mau, nganti saiki Dagelan Mataram dening Basiyo tetep lestari, senajan mung biso dirungoake soko rekaman audio utawa siaran radio-radio.  

Basiyo ora mung kasil nggedhekake  Dagelan Mataram minangka paguyuban lawak Jawa gaya Mataram Jogja, nanging uga bisa dadi inspirasi tuwuhe seni lawak ing Indonesia. Salah sawijine grup lawak kang diilhami ‘gaya’ Dagelan Mataram, yaiku Srimulat. Cara adegan, pola ucap uga karakterisasi lan dramaturgi grup dagelan kang dipimpin dening Teguh Srimulat lan moncer ing tahun 1970an iku mirip koyo Dagelan Mataram.

Sakjroning dadi pendagel, Basiyo wes ngasilake okeh rekaman kaset dagelan. Lakon-lakon kang tenar iku antarane, , “Dadung Kepuntir”, “Sampek Ingtay”, dan “Basiyo Mbarang”, “Basiyo Nanggap Kroncong” kang diproduksi dening label Fajar Record Semarang, uga lakon “Gandrung Kepenthung”, lan “Pari Bengkong” kang diproduksi dening label Kusuma Record, Klaten, Jawa Tengah.  Kajaba iku, ana uga lakon kondang “Goro-Goro Berlian,”  kang dilabel Nisanda Record (Semarang).

Piyambake uga ngisi acara Pangkur Jenggleng kang disiarake dening Radio Republik Indonesia (RRI) Yogyakarta ing tahun 1950. Acara kasebut uga Dagelan Mataram pancen dadi titik balik karier Basiyo minongko seniman dagelan. Amarga group lan acara iku, asmane terus ‘mabur’. Keremenane tumprap budaya Jawa, khususe dagelan ora cukup mung diwujudake kanthi penthas ‘rono-rene’ lan rekaman ing kaset uga siaran ing radio, naliko semono, nanging uga diwujudake kanthi ndharmabakteake awake kanggo Kraton Ngayogyakarta, kanthi dadi abdi dalem.

Pangkate minangka abdi dalem, yaiku Lontangpangarsa. Piyambake dadi abdi dalem ‘oceh-ocehan’ kang nduweni tugas nglipur raja kanthi lawakan. Biso dibayangke, manawa raja wae nganthi bisa dilipur, kepiye anggone nglipur masyarakat umume. Ngelingi manawa raja iku  piyantun kang luhung, anggone matur uga ora bisa sembrono.

Ngono mau cerita singkat babagan sang maestro Dagelan Mataram, Basiyo. Piyambake tilar dunyo ing tahun 1979. Sawise ‘tindhake’, acara Pangkur Jenggleng ing RRI Yogyakarta tetep disiarake rutin saben Senin bengi wiwit jam 11 nganti 2 isuk, disengkuyung Ngabdul lan seniman RRI Yogyakarta liyane

Catatan Silsilah Keluarga

B. Pakem Sadjarahe Mas Behi Kartodikromo

Wedana District Mantoep, Kaboepaten Djoewana, Residentie Japara Selengkapnya...

Cari Silsilah Keluarga?

This Is Our Ancestors

Bagong, An Innocent Puppet Character

Every character in Punakawan puppet show has their own different meanings of philosophy. One of them is Bagong. Ki Lurah Bagong is one of the fiction members of Punakawan and he is also the youngest among all according to the story. Bagong is basically the adopted child of Semar. Bagong is known as the innocent character and in Banyumas, Bagong is known as Bawor. His characteristics is an entertainer to the viewers. The physical look is so funny and unique. Read More...