Loading...

Ceritane Didik Nini Thowok Golek Duit Dadi Penari Kondang lan Jajah Milangkori

Lair  15 November 1954, Didik Nini Thowok, penari kondang lan jajah milangkori iku asline saka Temanggung, Jawa Tengah. Asma asline, yaiku Kwee Tjoen Lian. Katon soko asmane manawa Didik Nini Thowok asline nduweni getih Tionghoa. Ramane ora liyo peranakan Tionghoa kang ‘kedampar’ ing Temanggung, yaiku Kwee Yoe Tiang. Amarga Didi cilik kerep loro-loronen, ramane mulo ngganti asmane soko Kwee Tjoen Lian dadi  Kwee Tjoen An. Dene biyunge asli Jawa, yaiku Suminah kang asli saka Desa Citayem, Cilacap.

Dene asma Didik iku diparingke amarga nalikane sabubare geger Gerakan 30 September, para keturunan Tionghoa ing Indonesia wajib ganti asma dadi asma pribumi. Kwee Tjoen An banjur ganti asma dadi Didik Hadiprayitno. Hadiprayitno kajupuk soko asma ramane kang malih soko Kwee Yoe Tiang.

Lair ing keluarga pas-pasan, uripe Didik cilik ora kepenak. Ramane saben dinane golek duit dadi bakul kulit wedhus lan sapi, dene Ibune bukak kios ing Pasar Kayu. Urip bareng karo simbah kakung lan utine, Didi dari putu pisanan. Didik cilik luwih koyo bocah wadon, seneng dolanan masak-masakan, pasar-pasaran lan sak piturute. Simbah utine uga ngajari ketrampilan bocah wadon marang Didik, koyo njahit, menyulam uga ngrenda.

Ing tembe mburi, ketrampilan iki bisa dadi ‘cekelan’ kanggo Didik anggone ngupayake ‘rupiah’ ing kahanan kang ora gampang. Didik nalikane kuliah nganti nampa pesenan hiasan bordir lan syal kanggo mbiayai uripe dhewe minangka anak kos. Iki lantaran ora bisa njagakake kiriman soko piyantun sepuhe.

Sawise lulus SMA, Didik banjur kepengen nerusake kuliah ing Akademi Seni Tari Indonesaia (ASTI). Ora surut niat nggone kuliah, mulo Didik banjur golek duit dewe. Piyambake dadi pegawai honorer ing Kabin Kebudayaan Kabupaten Temanggung kanthi tugas ngajar tari bocah SD lan SMP ing pirang-pirang sekolah uga menehi les privat tumprap anak-anak ing kiwo tengene Temanggung.

Ngimpine kawujud, nggowo celengan saka hasile makarya, sawise lulus Didik banjur ndaftar ing ASTI. Piyambake banjur bisa mlebu ASTI 2 tahun lulus saka SMA.  Tari Manipuri kang dadi ‘tiket’ mlebu perguruan tinggi tari iku. Kanthi luwes, Didik sing pancen bakat nari, mraktekake tarian kuwi. Resmi mlebu ASTI ing tahun 1974, piyambake ora kangelan anggone golek konco. Opo maneh, Didik nduweni karakter lucu lan sopan.

Bebarengan karo koncone iku, Didik banjur nggarap fragmen tari kanthi irah-irahan Ande-ande Lumut. Ing fragmen kasebut, Didik dadi Mbok Rondi Dadapan, rondo kemayu soko Desa Dadapan. Penampilane pancen elok lan nggawe kesengsem para mahasiswa ASTI liyane.

‘Lintang’ kauripan katon nalikane mbakyu angkate, Bekti Budi Hastuti ngewangi Didik ing fragmen tari Nini Thowok  karo Sunaryo. Nini Thowok utawa Nini Thowong, yaiku sejenis dolanan jailangkung sing biasa dikenal bocah cilik ing Jawa. Kasil anggone mentasake fragmen kuwi, nggawe trio iku diundang pentas ing pirang-pirang papan. Nanging, sabubare Sunaryo mundur lan diganti Leksono Setyo Aji, konco kos Didik, trio iki banjur ganti jeneng Bengkel Nini Thowok. Embel-embel Nini Thowok (kang nduweni arti simbah-simbah medeni) iku sing nganti saiki dadi ‘jeneng artis’ Didik lan misuwur kanthi asma Didik Nini Thowok.

Anggone dari penari, Didik kalebu penari kang sregep sinau. Antarane ‘guru’ lan papan anggone Didik ngansu kawruh tari, yaiku I Gusti Gde Raka, ing Gianyar, Bali, tari Sunda  soko Endo Suanda; Tari Topeng Cirebon gaya Palimanan soko Ibu Suji. Nalikane ing Jepang, Didik uga sinau klasik Noh (Hagoromo) lan tari Flamenco ing  Spanyol.

Kajaba aktif nari, Didik uga dadi dosen ing almamatere ASTI Yogyakarta uga guru tata rias ing Akademi Kesejahteraan Keluarga (AKK) Yogya.Piyambake uga nduwe sanggar tari kang nganti saiki lestari, yaiku LPK Natya Lakshita.

Tagar
  • Pandanaran, Head of Government and Propagator of Islam in Semarang

    Ki Ageng Pandanaran or known as Pangeran Mangkubumi was given the title as Sunan Bayat or Sunan Tembayat. He was the second head of government in Semarang, central Java, Indonesia. Beside being the head of government or leader in Semarang, he was known as the important figure that spread Islam in Semarang. In 16th century, Pangeran Mangkubumi led Semarang and he was the son of the first leader in Semarang named Harya Madya Pandan.
  • Ki Nartosabdo, Legenda Dhalang Wayang Kulit Indonesia Kang Ora Bisa Diganti!

    Klaten kalebu salah sawijine kabupaten ing Jawa Tengah kang nduweni keunggulan ‘nyithak’ dhalang-dhalang wayang kulit kondang. Legenda dhalang Indonesia kang bisa kasebut ora bisa diganti dening sapa wae tekan saiki uga lahir ing Klaten. Manawa panjengengan prosutresno wayang, mestine ora asing maneh. Yo, dhalang kasebut ora liyo yaiku Ki Nartosabdo. Pria kang ing tembe gedhene kondang dadi dhalang iku, lair ing Klaten, 25 Agustus 1925

gembala sapi

Sapi dan Kerbau di Jawa dianggap oleh sebagian besar masyarakat sebagai salah satu bentuk “rojo koyo”. Apa itu rojo koyo?

Baca selengkapnya....