Digandrungi 2 Presiden, Ki Timbul Hadiprayitno Misuwur Dadi Dhalang Wayang Kulit Ruwatan

Wayang kulit adalah seni tradisional Indonesia yang terutama berkembang di Jawa. Wayang berasal dari kata "Ma Hyang" yang artinya menuju kepada roh spiritual, dewa, atau Tuhan Yang Maha Esa. Ada juga yang mengartikan wayang adalah istilah bahasa Jawa yang bermakna "bayangan", hal ini disebabkan karena penonton juga bisa menonton wayang dari belakang kelir atau hanya bayangannya saja. Wayang kulit dimainkan oleh seorang dalang. Artikel dibawah ini adalah cerita bahasa jawa tentang seorang dalang wayang kulit yang sangat terkenal...

Asma kasebut ora liya, yaiku Ki Timbul Hadiprayitno. Piyambake kalebu dhalang kang ngugemi pakem wayang kulit, saenggo kasebut minangka dhalang ruwatan. Mula ora nggumunake manawa piyambake uga akeh kang ngremeni. Ora mung masyarakat biasa, piyambake uga dadi dhalang idola almarhum Presiden Soeharto uga Presiden KH Abdurrahman Wahid utawa kang kondang kasebut Gus Dur.

Kabisane Ki Timbul ing jagad padhalangan sakjane uga ora nggumunake, amarga piyantun sepuhe uga seniman. Ramane, yaiku Gito Wasito uga mantan dhalang ing zamane. Dene biyunge, Sinah uga keturunan saka keluarga dhalang. Sanajan getih seni, khususe pedhalangan wes mili ing ragane, nanging Ki Timbul enom ora sekonyong-konyong langsung tenar.

Bakat seni ndalang kang wes diduweni diasah maneh kanthi sinau. Lulus saka Sekolah Rakyat, dhalang kelahiran Bagelen, Purworejo tahun 1933 iku, banjur nerusake pendidikan ing sekolah dhalang Habiranda Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat sajroning 2 tahun.

Kajaba kuwi, piyambake uga ngangsu kawruh babagan pedhalangan saka maca. Awit kesregepane kuwi, ora nggumunake manawa piyambake banjur wasis nunjukake lakon banjaran, contone Sengkuni, Kresna, Gatotkaca, Dorna, Kresna dan Karna.

Sajroning gesange, Ki Timbul bisa kasebut dhalang kang netepi dharma minangka dhalang lan uga minangka dharma wayang kulit iku. Piyambake ora pentas amarga materi lan popularitas.  Anggone ngusung lakon, piyambake uga ora mbedhak-mbedhakake antarane gagrak Ngayogyakarta utawa gagrak Surakarta. Kabeh gagrak iku, miturut piyambake, yaiku apik. Pakem-pakem gagrak loro-lorone uga tansah diugemi lan ora nate ngawur.

Awit saking konsistensine ing pakem wayang iku, piyambake asring kasebut minangka dhalang ruwatan. Kajaba iku, piyambake uga kalebu salah sawijine dhalang kang ‘langganan’ pentas ing Istana negara. Senajan ngono, nanging piyambake ora jumawa, lan tansah nglampahi gesang kanthi sederhana.

Nalika zaman Orde Baru utawa masa pemerintahan Presiden Soeharto, piyambake nate ndalang kanthi lakon Semar Babar Jati Diri ing ngajenge presiden. Dene Presiden Gus Dur kang uga remen karo seni ndalange Ki Timbul mirsani piyambake ing tahun 2001, nalika piyambake pentas ing Balairung, Universitas Gadjah Mada. Dene nalika wes ora dadi preseiden maneh kapetung Gus Dure nate mirsani penampilane ki Timbul nganti ping 3.

Nganti sepuh malahan tekade ngestareake wayang ora surut. Nalika piyambake wes saguh ndalang ing salah sawijine papan lan meneri dina pentas gerah, piyambake ora gelem diganti dening sopo wae, kalebu putrane dhewe. Piyambake nduweni prinsip luwih becik ‘dipundhut’ kang kuasa nalikane ndhalang, katimbang mundur saka tanggung jawab, amarga kebacut saguh.

Kejaba ndalang, Ki Timbul sajroning gesang uga dikenal mulang ndhalang ing sekolah Pedalangan Habiranda Kraton Nyayogyakarta Hadiningrat lan uga dadi dosen tamu ing Institut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta.

Katresnane marang jagad kesenian, khususe Jawa pancen gedhe. Kajaba ndalang lan ngajar, Ki Timbul uga ndharmabakteake awake minangka abdi dalem ing Kraton Nyagogyakarta Hadiningrat kanthi pangkat Mas Rio Cermo Manggala.

Anggone ngabdi ing kraton minangka abdi dalem lan ndalang ora pedhot nganti piyambake ‘marak sowan’  kanthi yuswa 79 tahun ing Ngarsa Dalem Gusti ing dina Selasa surya kaping 10 Mei 2011 wanci tabuh 01.30 wektu Indonesia iring kulon ing daleme ing Dusun Patalan, Jetis, Bantul Yogyakarta amarga gerah sepuh. Sanajan piyambake ‘tindhak', nanging asmane ora bakalan ilang saklawase minangka dhalang wayang kulit kang netepi dharma.

  • Ajian Saifi Angin (Sepiangin), Sarana Teleportasi Jaman Dulu

    Bicara soal ilmu kebatinan, ternyata ada banyak sekali jumlahnya di Indonesia, khusunya di tanah Jawa. Salah satu dari ilmu kebatinan yang melegenda yaitu bernama Saifi Angin. Ilmu ini diyakini dapat meringankan tubuh penggunanya sehingga bisa berlari atau berpindah tempat dengan sangat cepat bak angin.
  • Bulan Suro, Saatnya Membersihkan Wesi Towo

    Satu Suro adalah hari pertama dalam kalender Jawa di bulan Suro. Kalender Jawa merupakan sistem penanggalan yang dipakai oleh Kasultanan Mataram dibawah pimpinan Sultan Agung Hanyakrakusuma sekitar 1613-1645. Bulan pertama pada kalender Jawa adalah Suro. Kemudian Sapar, Mulud, Bakda Mulud, Jumadilawal, Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Syawal, Sela, dan Besar.
  • Modus Penipuan Tokek, Hendak Beruntung Menjadi Buntung

    Menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), istilah 'buntung' memiliki beberapa pengertian. Yang pertama adalah 'putus' (terpotong dan sebagainya), bisa tentang kaki, tangan, ataupun ekor, seperti pada hewan tokek.
  • Ngabdul Dagelan Sejati: Ndagel Terus Nganti ‘Dipundhut’

    Kajaba dhalang wayang kulit, pesinden, penari, utawa pelukis, Jogja uga misuwur kanthi ‘markas’ dagelan khas Jawa Tengah. Dagelan Mataram kalebu salah sawijine legenda dagelan Jawa kang ora kena diganti nganti saiki. Salah sawijine seniman kang kalebu anggota paguyuban ‘ndagel’ kuwi mau, yaiku Ngabdul. Kanggone masyarakat Jogja lan sak kiwo tengene, kalebu pirang-pirang kabupaten ing Jawa Tengah, asma Ngabdul wes ora asing maneh.