Loading...

Hadi Sugito, Dhalang Wayang Kulit Senior Kang Digandrungi Wong Enom

Para sutresna wayang biasane piyantun sepuh. Bahasa krama inggil kang digunakake dhalang nalikane nglakokake wayang kulit dadi sebab utomo wong enom ora seneng lan kesenian kang oyote saka India kuwi.  Boso Kromo inggil pancen ora gampang dipahami, opo maneh dening bocah enom kang umume isih asring ngomong ngoko saben dinane lan koncone. Iki dadi tantangan kanggo para dhalang piye anggone wayang bisa dipahami wong enom kang sejatine para penerus bangsa uga penerus kesenian wayang lan pedahalangan kuwi. 

Awit soko perkoro kuwi mau, Hadi Sugito nggebrak jagad pedhalangan. Dhalang kang lahir 10 April 1942 iku milih migunaake basa Jawa kang gampang dipahami, dudu basa Jawa Krama Inggil koyo kang dadi pakem wayang kulit.

Gebrakane kuwi kasil, iki kawujud kanthi okehe wong enom kang seneng lan wayang uga ndadekake piyambake minangka dhalang idola. Apa maneh kajaba anggone ndalang gampang dingerteni bahasane, piyambake uga wasis anggone ndagel utowo nguculake humor. Para muda soyo seneng lantaran piyambake ora mung ngumbar banyolan sakjroning ‘goro-goro’, ananging  humor uga dibumbokake sakjroning adegan pokok (jejeran). Senajan ngono, banyolan kui uga diwenehake ana papan kang pas, saengga ora ngurangi makna lakon kang diusung.

Kajaba basane kang gampang dipahami dening bocah enom, Ki Hadi Sugito uga nduwe jurus liyane supaya wayang kulit luwih ‘asyik’ ing ngarepe para enom. Jurus kuwi ora liyo, yaiku piyambake nggawe sanggit utowo tatanan pagelaran supaya pakeliran biso dinikmati kanthi gampang lan menarik, amarga ngangkat situasi masyarakat ing saben dinane. Iki diilhami kasunyatan manawa piyantun kang serius uga asline biso nglucu alias duweni humor.

Anggone ndhalang, Ki Hadi Sugito biasane uga migunakake paraga tenanan (serius) koyo Puntadewa lan Werkudara kang kadang kolo uga  ngguwak lelucon kang pas lan konteks.  Kang luwih nyenengke manawa Ki Hadi Sugito anggone nglawak iku asli, kreatif lan ora nglarani wong siji lan sijine.

Malahan, Ki Hadi Sugito nduweni kosa kata kang khas nalikane mbanyol. Kosa kata kuwi mau misuwur ing masyararakat nganti saiki, koyo ‘coba jajali, prandekpuno, ngglibeng, prek, trembelane, uga menus lan sak panunggalane. Piyambake uga ora wedi nyebrang pakem lan nggawe celukan anyar kanggo tokoh-tokoh wayang, kaya Duryudana kang diarani ‘anak angger', Cuni kanggo nyebut Sengkuni. Banjur Durno kasebut wakne gondhel, lan Bilung diarani Trembilung.

Dene Ki Hadi Sugito kang kondang ing tahun 1970 iku uga nduweni kekhasan vokal utowo suara. Piyambake dikenal minangka salah sawijine dhalang kang bisa nyelarasake antarane suara dhalang lan suara gendhing.

Amarga kabisane iku, para pamirsane nganti koyo-koyo ana ing kasunyatan lan dudu ana ing pagelaran wayang. Eloke, pengalaman koyo ngono mau malahan uga bisa dirasakake dening para pemiarso radio utowo rekaman audio.

Siji maneh kang dadi keunggulane Ki Hadi Sugito, senajan pinter mbanyol lan migunake basa kang luwes ing sakjroning pementasan, nanging nalike ngusung lakon babonan (pokok koyo kang ana ing Epos Mahabarata utowo Ramayana) piyambek tetep manut pakem lakon. Nanging, anggone ngusung lakon carangan, piyambake nduwe inovasi supaya para pamirsane ora bosen.

Sakjroning nglakoni profesi minangka dhalang, piyambake uga konsisten ing wayang kulit gagrak Ngayogyakarta. Piyambake uga ora kepincut ngusung gagrak liyane mung kanggo ngerek pemirsane lan ninggalake fungsine minangka tuntunan.

Nanging kaendahane Ki Hadi Sugito ndhalang saiki mung ana ing kenangan. Amarga piyambake nutup yuswa wanci 9 Januari 2008 kepungkur, meneri 1 Sura 1941 (1 Muharam 1429 H). Sanajan wes luwih saka 10 tahun ‘tindhak’, nanging asmane ora bakal ilang ing manahe para sutresno wayang kulit uga para sutresna budaya, khususe budaya Jawa.

link out museum angkut malang

PAKET WISATA MUSEUM ANGKUT + BROMO Rp750.000*

Malang ternyata tidak hanya mengandalkan wisata alam saja seperti pegunungan dan berbagai wisata taman seperti Selecta. Malang juga memiliki objek wisata museum, yaitu Museum Angkut, yang diresmikan pada tanggal 9 maret 2014 yang lalu. Saat ini, museum khusus alat transportasi pertama di Asia Tenggara ini telah menjadi kendaraan ini telah menjadi wisata paling populer di Malang dan sekitarnya.

Baca Selengkapnya...