Ki Anton Surono, Dalang Wayang Kulit Kondhang Kang Ngrangkep Guru Bahasa Inggris

Salah sawijining kesenian ing Tanah Jawa kang misuwur, yaiku Wayang Kulit. Wujude maneka warna, ananging wayang kang kondhang, yaiku wayang kulit lan wayang golek. Kaya kang wis dingerteni, dene wayang iku kalakoake dening dhalang. Umume dhalang nekuni siji wae jenis wayang, umpanane wayang kulit, utawa wayang golek. Ananging dhalang siji iki duwe kemampuan kang linuwih.

Ora mung bisa ndhalang wayang kulit, nanging ugo bisa ngalokake wayang golek. Dhalang kasebut yaitu Ki Anton Surono. Eloke maneh, Ki Anton uga ngrangkep dadi Guru Bahasa Inggris. Kepiye sepak terjange dhalang kondang siji iki kang bisa ngrangkep karier, ing ngisor iki ulasane.

Sadurunge ngulas babagan profesine dadi guru Bahasa Inggris, ora ana salahe menawa pitepangan karo profesine Ki Anton Surono dadi dhalang.  Karier dari dadi dhalang wis diwiwiti ing tahun 1987 kepungkur. Nganti tekan saiki wis akeh pementasan lan pakaryane, ora mung ana ing Indonesia, nanging ugo ing mancanegara. Pentas ana ing pirang-pirang negara ASEAN, kayata Vietnam, Singapura, Myanmar, Brunei Darussalam, Thailand, Kamboja, Laos, lan Malaysia wes tahu dilakoni.

Lumakune ing babagan seni ugo ora bisa disepeleake. Kasunyatane wiwit tahun 1993 ‘Pak Guru’ iki ugo wes melu Pagelaran Jawa-Bali minangka panata beksa ing lakon Gendowor. Ing tahun kang pada, piyambake ugo ngrameake pagelaran wayang kulit bareng Ki Enthus ing Teater RSPD Tegal sarta nganggit lakon sandiwara lan teater kanggo harian Kedaulatan Rakyat Yogyakarta.

Ora cukup mumpuni ing babagan wayang, Ki Anton ugo mbukteake kemampuane ana ing bidang tetembangan. Salah sawijining bukti, piyambake tahu nyabet gelar juara siji Panata Gendhing ing Lomba Cipta Karya Lagu tradisi Kabupatèn Tegal kanti sesirah Trisanja ing tahun 1994.

Miwiti tahun 2000-an, Ki Anton pentas bareng Ki Sujiwo Tejo ing TVRI Semarang, kalanjutake dadi duta SENAWANGI ing Kamboja, Laos, Vietnam, Malaysa, Singapura ugo Thailand ing 2007.

Setahun sawise, Ki Anton pentas ana ing hotel J.W Marriot Hotel, Jakarta minangka ngenani patemone para diplomat. Ing tahun kang pada, piyambake uga pentas pagelaran wayang ing adicara panutupan Kursus Perbankan Asia ing LPP Kemang, Jakarta. Tahun mboko tahun mlaku, piyambek tansah aktif pentas pagelaran wayang ana ing Tegal lan kutho-kutho liyane.

Kaprigelane ndalang Ki Anton Surono ora ‘sekonyong-konyong'. Getih seni pancen wes ngalir ana ing Ki Anton Surono soko ramane, Ki Suwarta Kondobuwono kang ora liyo dhalang kondang Kota Tegal ing tahun 1970-an.

Dene, masyarakat umum mungkin ora bakal ngerteni menawa disebut asma Surono, Mpd.  Ananging menawa kasebut Anton Surono, mesti wae masyarakat langsung kelingan karo dhalang wayang kulit kondang saka Kota Tegal, Jawa Tengah. Kaya kang wis kasebut ing ngarep, menawa Anton Surono uga ngrangkep dadi guru Bahasa Inggris. Piyambake ngasta ana ing salah sawijining SMA ing Kota Tegal.

  • Ajian Brajamusti, Ilmu Tingkat Tinggi Yang Bikin Ngeri

    Ajian brajamusti merupakan salah satu ilmu kuno yang digunakan untuk membela diri (kanuragan). Oleh sebab itu, ajian brajamusti mencakup kemampuan bertahan serta melakukan serangan, dengan gerakan yang sistematis dan terarah, menggunakan kekuatan yang melebihi manusia normal karena telah melalui pola latihan khusus. Sebagai ilmu kanuragan, ajian brajamusti berhubungan erat dengan kepercayaan Jawa yaitu ‘sadulur papat lima pancer’, sebuah filosofi yang menjadi simbol kearifan lokal Jawa. Dilihat…