Dalang Wayang Golek Asep Sunandar Sunarya: Lair Tanpa Asma, ‘Tindak’ Kanthi Asma Gedhe

Ngomong babagan wayang golek ora bisa dipisahkan saka Asep Sunandar Sunarya. Kanthi asma gedhe kang diduweni, sapa sing nyana manawa maestro pagelaran wayang golek kang lair ing Bandung, 3 September 1955 iku, sejatine ora diwenehi asma wiwit lair. Banjur kepiye crita sing ana ing sangarepe asmane, minangka Asep Sunandar Sunarya? Ing ngisor iki cerita salengkape.

Nalika ngandung 7 wulan, ibune Asep ngimpi supaya ora menehi asma anake. Bener wae, bocah kang lair lanang iku ora diwenehi jeneng. Bayi kui banjur diopeni dening ibune cilik (bulike) wiwit umur 15 wulan. Kuwatir dheweke bakal bingung yen bocah ora duwe asma, bulike menehi asma Sukana, yaiku akronim ing basa Sundha, sing ateges "sakarepe". Kaya umum ing masyarakat Sunda, anak lanang asring kaceluk Asep, mula diarani Asep Sukana.

Wiwit isih bocah, Asep Sukana wis nedahake semangat ing jagad wayang. Darah seni pancen mili ing awake Asep wiwit lair. Iki ora liya, amarga ramane, Abah Sunarya sing uga dadi dhalang nalika semana.

Sawijining dina, dheweke pentas ana ing panggung ing Laragung nalika awan lan ing wayah wengi, bapake dhewe. Nalika semana Abah Sunarya ngendhika: "Ngewa ngaran Sukana, ganti ku Sunandar!". Wiwit iku, saknalika Asep Sukana ngganti asma dadi Asep Sunandar. Jeneng bapake, Sunarya ana ing mburi, saengga asma lengkap dadi Asep Sunandar Sunarya.

Sanajan dheweke duweni getih seni saka ramane, nanging kariere ora sak naliko lancar. Kritik pedhes asring katampa saka ngendi wae, kelebu saka ramane dhewe. Nanging, Asep kang iseh anom nalika semana ora duwe rasa ciut nyali lan ora patah semangat. Kritik kasebut digunakake minangka pecut kanggo entuk prestasu sing luwih apik. Usahae ora sia-sia, alon-alon nanging mesthi, kariere terus munggah.

Sajrone wektu minangka dhalang, Asep Sunandar Sunarya sukses ngunggahake derajat seni seni wayang golek, kang sadurunge dikiwaake kalangan utawa pihak tertentu, dadi kesenian kang berkelas. Maneka warna upaya sing digawe kanggo nggawe munggahe derajat wayang golek kayata, nggawe boneka Cepot khas bisa manggut-manggut, banjur Buta muntah mi, Arjuna sing nggawa alat panah, lan Bima sing nggawa gadha. Sandhangan sing dienggo wayang uga katon mewah.

Penghargaan kang ditampa sajroning dadi dhalang wayang golek teko saka Nuswantara lan mancanegara. Sawetara penghargaan domestik (Nuswantara) ing dipikolehi kalebu Dalang Pinilih I ing tataran Jawa Barat ing taun 1982 lan 1985. Banjur, dilantik dadi Dalang Juara UMUM tingkat Jawa Barat ing Binojakrama Padalangan ing Subang. Piyambake uga pikantuk penghargaan adiluhung, sing berhasil nggawa Bokor Kencana minangka simbol supremasi ing padalangan Sunda Jawa Barat.

Dheweke uga dadi duta seni Indonesia ing Amerika Serikat ing taun 1986 lan ing taun 1993, dheweke didapuk dening De La Marionnette International Institute ing Charleville, Prancis, minangka dosen luar biasa sajrone rong wulan. Gelar profesor dening komunitas akademisi Prancis ugo diwenehake.

Dheweke uga duwe kesempatan kanggo nganakake pertunjukan ing luar negeri wiwit taun 1994, kayata ing Inggris, Walanda Swiss, Prancis, lan Belgia. Resep ana ing walike prestasi kang akeh iku, yaiku miturut perkembangan zaman.  Kanthi akeh prestasi kasebut, dhalang, sing nate dikontrak dening stasiun televisi swasta kanthi program khusus sing judhulé Asep Show iku, tetep tampil sederhana.

Sarong minangka sandhangan sing ora nate ditinggal. Piyambake kapundhut dening Gusti wektu  kanthi ninggalake asma agung minangka maestro dhalang wayang golek. Sanajan ragane wis ilang, jeneng gedhe Asep Sunandar Sunarya bakal tetep urip ing ati para pro sutresna wayang golek khususe lan ing jagad seni wayang umum.